Minggu, 08 September 2013

Burisrowo



  Miturut layang Mahabharata, Burisrawa iku saluguné putrané Prabu Sommadatta ing negara Baliha. Nanging yèn miturut pakem padhalangan, Burisrawa kuwi putrané Prabu Salya (Salyapati), ratu ing Mandaraka klawan Endang Pujawati iya Setyawati sing angka papat.

Raden Burisrawa iku praupané awujud raseksa awit nurun eyangé Begawan Bagaspati, kang ora liya pendhita raseksa. Amarga isin pinaringan wujud raseksa mula Burisrawa yasa papan kasebut tunutupan kere lan Burisrawa singidan ing mburine. Burisrawa sinebut uga satriya ing Madyapura. Sanajan kalebu satriya ananging tindak-tanduké kasar lan dhemen ngguyu.

Jumbuh klawan wujudé sing setengah yaksa kanthi rambut gimbal diudhal-udhal, Burisrawa seneng nguja kesenengané, golèk menangé dhéwé, dhemen gawé gendra. Nanging bawané anak ratu apa manèh kecaket karo Prabu Baladéwa lan adipati Karna, ora ana wong sing wani nyaruwé marang kabèh tumindaké Burisrawa.

Burisrawa kayungyun banget marang Dèwi Wara Sumbadra wiwit nalika Wara Sumbadra isih kenya nganti tumekané dadi garwané Arjuna lan malah kepara wis peputra Abimanyu barang, gandrungé Burisrawa marang Sang Dèwi ora tau mendha. Burisrawa iya banget sengit nginggit-inggit marang Setyaki, amarga nalika nglamar Dèwi Wara Sembadra ing Dwarawati, Burisrawa tau diajar Setyaki ing alun-alun nganti lémpé-lémpé, kamangka Burisrawa wis nyandhang cara temantén. Ya wiwit iku Burisrawa sengit kepati klawan Setyaki.

Ing lakon Sembadra Larung, Burisrawa dicritakaké minta sraya marang Bathari Durga ing pasétran Gandamayin iya Dhandangmangoré supaya bisa sapatemon karo Sumbadra. Bathari Durga ngendikani, yèn Burisrawa bisa sapatemon karo Sumbadra, nanging ora bisa gepokan salira.

Nalika semana Arjuna pinuju grogol (mbebedhag kidang ing alas Winangsraya. Kanthi ancas nedya pepasihan (cumbana) karo Sumbadra, Burisrawa njujug taman Maduganda, taman keputrén ing kasatriyan Madukara. Kanthi tetembungan manis manuhara, Burisrawa njaluk usadaning lara asmara marang Sumbadra. Amarga Sang Dèwi ora kersa nglanggati, Burisrawa banjur ngunus kerisé. Dewi Sumbadra diagar-agari keris, nanging tetep puguh ora gelem nuruti kekarepané Burisrawa. Kerisé sing diagar-agaraké iku malah banjur ditubruk wani déning Dèwi Sumbadra saéngga sirna margalayu. Burisrawa kamitenggengen. Jroné ora mobah lan ora mosik, ana aloké emban kang tumeka papan kono. Burisrawa gagé mlayu nggendring ninggalaké taman, mlebu ing tengah alas.

Kasatriyan Madukara dadi gègèr sawisé para emban nyumurupi kunarpan Dèwi Sumbadra. Saka pamrayogané Prabu Kresna, Dèwi Sumbadra banjur dilarung ana Bengawan Gangga (Swilugangga), kanthi rineksa Gathutkaca saka gegana. Wusanané layoné Sumbadra diuripaké Antareja kang jumedhul saka Saptapratala nedya ngupadi sudhermané. Gathotkaca ngira yèn Antareja kuwi kang njalari patiné Dèwi Wara sumbadra. Tanpa ditakoni terus ditimblis saka dirgantara. Dadi perang ramé. Leloroné padha digdayané. Sabanjuré leloroné dipisah déning Wara Sumbadra. Sang Dèwi banjur nyritakaké lelakoné kang sanyatané. Ya merga lelakon iki, Antareja banjur bisa kepanggih marang ramané, yaiku Raden Bratasena iya Werkudara.





Sabtu, 07 September 2013

Antarejo



Bapak                        :Werkudoro atau Bimo
Ibu                            : Nogogini seorang putri Dewo Antaboga.
Seaudara sekandung     : -
Saudara lain ibu           :1. Raden Gatotkoco (putra Bimo dengan Dewi Arimbi)
                                  2.Arya Anantoseno, putra Bima dengan Dewi Urangayu.

Kesaktian

Ia memiliki Ajian Upasanta pemberian Hyang Anantaboga. Lidahnya sangat sakti, mahluk apapun yang dijilat telapak kakinya akan menemui kematian. Ontorejo berkulit napakawaca, sehingga kebal terhadap senjata. Ia juga memiliki cincin Mustikobumi, pemberian ibunya, yang mempunyai kesaktian, menjauhkan dari kematian selama masih menyentuh bumi maupun tanah, dan dapat digunakan untuk menghidupkan kembali kematian di luar takdir. Kesaktian lain Anantareja dapat hidup dan berjalan didalam bumi.

Sifat

Ontorejo memiliki sifat jujur, pendiam, sangat berbakti pada yang lebih tua dan sayang kepada yang muda, rela berkorban dan besar kepercayaanya kepada Sang Maha Pencipta. Ia menikah dengan Dewi Ganggi, putri Prabu Ganggapranowo, raja ular di Tawingnarmada, dan berputra Arya Danurwenda.

Setelah dewasa Ontorejo menjadi raja di negara Jangkarbumi bergelar Prabu Nagabaginda. Ia meninggal menjelang perang Bharatayuddha atas perintah Prabu Kresna dengan cara menjilat telapak kakinya sebagai tawur (korban untuk kemenangan) keluarga Pandawa dalam perang Bharatayuddha.

Jumat, 06 September 2013

Adipati Awangga




Adhipati Karna utawa Basukarna iku ratu ing Ngawangga (Awangga), negara cilik kebawah negara Astina. Garwané asma Dèwi Surtikanti, putrané Prabu Salya ratu ing Mandaraka. Dèwi Surtikanthi iku mbakyuné Dèwi Banowati (garwané Prabu Duryudana), mula ing padhalangan Prabu Duryudana yèn ngaturi Prabu Karna, "Kaka Prabu Karna" utawa "Kaka Adipati Karna".

Adhipati Karna iku sedulur Janaka kang tunggal ibu nanging séjé rama. Ramané adhipati Karna iku aran Bethara Surya, déné yèn ramané Janaka iku Pandhu Déwanata, ibuné padha-padha Dèwi Kunthi.

Patuladhan saka dhèwèké nalika ana perang Baratayuda adhipati Karna iki ora mbéla marang prajurit Pandhawa, nanging sabiyantu marang prajurit Ngastina, jalaran dhèwèké kepéngin males budi kabecikan marang raja ing Ngastina iya Sang Prabu Duryudana.

Duk rikala semana adhipati Karna lunga saka praja disiya-siya déning ibuné, malah kelakon dilarung ing Bengawan Swilu gangga, sawusé ngancik diwasa arep mèlu mupu sayembara panah waé ora olèh, dupèh dudu putrané raja, rikala iku banget lingsemé lan lara atiné adhipati Karna, ing wektu iku uga Duryudana banjur maringi tanah perdikan ing Angga lan ngiras pantes diepèk dadi putra angkaté raja ing Ngastina mau. Ing sajroné ati adhipati Karna aprasetya, "Iya seksènana bumi langit saisiné mbésuk kapan kelakoné aku bakal mbéla marang wong kang bisa paring dalaning kamulyan uripku iki".

Karna pancèn putrané Bathara Surya lan Dèwi Kunthi, mula Karna iku klebu drajating Wasu, yakuwi manungsa setengah déwa. Mula ora mokal yèn Karna kasinungan kadigdayan kang linuwih. Prigel ulah warastra (jemparing) prasasat timbang karo keprigelané Arjuna. Kejaba panah Kuntawijayadanu (Kunta Druwasa), pusakané Karna wujud keris aran Kiai Kaladete (yèn ing padhalangan gagrak Sala sinebut Kiai Jalak). Aji-ajiné Karna yaiku aji Kalalupa (bisa ngetokaké buta akèh banget), lan Naracabala (bisa ngetokaké gegaman manéka warna).

Tembung Karna kuwi dhéwé sejatiné nduwéni teges kuping, amarga lairé seka kuping. Critané mangkéné: nalika Dèwi Kunthi isih kenya naté meguru marang resi Druwasa kang sekti. Karo sang resi Druwasa, Dèwi Kunthi diparingi mantram panggendhaming déwa aran Adityahredaya iya Punta Wekasing Rasa Tunggal Sabda Tanpa Lawanan, kang dayané yèn diwateg bakal nekakaké déwa sing lagi sela. Welingé sang resi, Dèwi Kunthi ora éntuk ngrapal mantra kuwi sembarangan, yèn perlu temenan waé. Amarga péngén ngerti kasiaté mantra kuwi sawijining dina Dèwi Kunthi ngrapal mantra saka sang resi. Kabeneran Déwa sing lagi sela yaiku Bhatara Surya kang nguwasani srengéngé. Kocap kacarita Bhatara Surya seneng karo Kunthi. Nalika ngerti yèn Dèwi Kunthi anggarbini banjur Bhatara Surya mbudidaya supaya jabang bayi bisa lahir tanpa liwat guwa garba. Kanthi kasektenané Bhatara Surya, si jabang bayi bisa dilairké saka kuping utawa karna. Mula banjur diparingi asma Karna. (Basukarna).

Bayi Karna nuli diwadhahi kendhaga, banjur dikelekaké ing bengawan Gangga. Ing tembé bayi Karna ditemu déning kusir Adhirata.

Nanging miturut crita padhalangan jabang bayi Karna dadi puta angkaté Prabu Radeya ratu ing Pethapralaya. Sawisé diwasa Karna bisa jumeneng ratu ing Awangga, amarga bisa ngalahaké Prabu Karnamandra (Kala Karna), ratu ing negara iki. Patihé Karna asmané Patih Adimanggala (Surahadimanggala).

Ing perang Bharatayudha, Karna mbélani Kurawa. Satria iki ngerti yèn sejatiné Kurawa kang salah. Nanging dhèwèké ngugemi jejer ing satriya kudu mbela sapa wong sing mbiyèn mbela dhèwèké. Ing perang kuwi, Karna bisa maténi Gathotkaca nganggo pusaka Kuntowijoyondanu. Dhèwèké uga méh maténi Arjuna. Nanging panahé luput amarga Prabu Salya nyendhal jarané. Salya nalika iku dadi kusiré Karna, kang sejatiné mantuné dhéwé. Déné Arjuna dikusiri déning Kresna. Lakon iki kondhang kanthi irah-irahan Karna Tandhing amarga Arjuna uga macak kaya Karna. Ing kéné, Karna mati kena panahé Arjuna, kyai Pasopati.

Adhipati Karna iku salah sijining tokoh wayang sing kalebu antagonis ning bisa diarani simpatik. Dhèwèké bisa kaanggep anti hero. Kaya déné Kumbakarna, Adhipati Karna asring dadi panutan ing perkara nasionalisme.